sugeng rawuh

ajar ngonceki lelakoning uripku

Jumat, 06 Mei 2011

" AJAR MOTO "






Hobby anyar tinggalane mas Gajung,,,,,mugo2 iso gae mareming ati

Berharap Menjadi Singa




Seekor kucing yang kurus dan tak terurus dengan mata sayu berjalan dengan gagah(dipaksakan),,,,dia berharap menjadi se-ekor singa kelak kalo sudah dewasa....
setiap ada kucing lain yang bertanya dia selalu bilang ak adalah seekor singa kecil,,,,dan kucing2 lainpun tertawa dalam hati melihat kelakuan kucing kurap tersebut.......

????????
sampai kapankah Kucing kurap iu tersadar dari mimpinya???
sampai kapankah Kucing2 yang lain itu mau menyadarkan???

Apakah Kematian yang akan menjawab mimpi dari seekor kucing kurap itu???

hanya waktu yang bisa menjawabnya,,,,namun si kucing kurap terus bermimpi
.........................................................................
(Tolong bedakan MIMPI dan cita-cita)

Wis Wancine

",,,,,Ojo maneh manungso,,,manuk wae yen wis sore mesti bali neng omah kumpul karo keluargane....."

tulisan ing duwur iso kanggo pepeling kanggo awake dewe kabeh(sing gelem)sing rumangsa ninggal kewajiban........yen wis sore yo enggalo bali,,,,,,,,,,

bali marang keluarga(sing rumangsa ninggal tanggung jawab).........

bali marang Gusti(sing rumangsa ninggal kewajiban manembah)............

lan sapanunggalane,,,,,,


Terinspirasi dari kehidupan Cak Gun+P.Jhon(Kediri)
(kapan iso bali kumpul maneh,,,,berburu (*****) di ijoli rokok)

Senin, 20 Desember 2010

- kanggo Mbokne Thole -

Duh mbokne,,,,aku paringono ngapuro yo,,,,,,,,
Akeh salah sing tak lakoni,,,,,,
Sing ora tak sengaja opo maneh sing tak sengaja,,,,,,
Jembarno atimu yo Nduk,,,,
Aku Matur suwun sing gede banget,,,,Mbokne,
Mbokne tansyah setyo lumaku ing sak kiwoku tanpo rasa ngersulo,,,,
Sing sabar momong si Thole,,,,Aku tansyah mbudidaya nyenengake mbokne,,,
Mugo-mugo si Thole mbesuk ora koyo ngene uripe,,,,tansyah mulyo ora koyo pakne-mbokne,,,

Mbokne,,,,,,,,,
Koyone si Thole njaluk adik maneh.......????

"KENYATAAN ITU"

Jebul'e bener,,,,,
Yen di gagas, pancen bener
urip iku yen tinampa kanti apa anane(ora ngilangi rasa syukur lan tetep mbudidaya) pancen nyenengake,,,,,,,,,
Gusti ora tau kliru, yen maringi nasib, jodho, pati,,,,,
Kabeh mengku karep,,,,
Nangin yo pancen watake manungso kang sarwo kurang dadine yo koyo sing uwis-uwis,,,,
Tansyah njaluk opo sing dikarepake, padahal iku dudu jatahe,,,,

Yen pas dong eling koyo mangkene iki(koyo sing tak rasakake rikala wengi ijen tanpa amarah)sitik mboko setitik kabukak atiku mangerteni "wewadi" iki.....

Duh GUSTI Pangeran kulo, Sesembahan kulo,,,,mboten wonten suwara kewetu ing lambe kejobo Asma-nipun Panjenengan,,,,

Matur suwun sanget kulo Panjenengan paringi wedal kagem mangertosi menopo ingkang dados pitakenan kulo,,,,,,,

Rahayu,,,,,,,,,Rahayu,,,,,,,,,Rahayu,,,,,,,,,