sugeng rawuh

ajar ngonceki lelakoning uripku

Minggu, 26 Oktober 2008

SEMEDI

Ana ing kasusastraan jawa kerep tinemu lan keprungu tetembungan semadhi. Tembung “semedhi” utawa “semadhi” iku asale saka basa Sanskrit “Samadhi” kang darbe teges : “ Ameleng meneping angen-angen lan weninging cipta”. Yen manut basa “paguron” Semadhi iku sinebut “patrap“. Mula papan Paguron banjur karan “patrapan”
Semedhi iku kayadene patrap angelengake cipta, ameleng rumeseping puja tumanem trusing angen-angen kang wus menep. Asas Semedhi, manut Kramer kang kapacak ing majalah “DJAWA” IV taun 1924, patrapan uga kaya kang sinebut jroning piwulang “YOGA”.
“Yoga” iku basa Hindu kuno, Uga tembung Sanskrit. Kawruh Yoga ngandut piwulang limang prakara baku, yaiku :
 “PANGELENGAN” (concentration = Pemusatan)
 “MUKSA” (kang ateges ora kasat mata = ilang)
 “PAMUDHARAN” (deliverance = kelepasan)
 “NIRWANA” utawa “NIRBANA” (kang ateges jumbuh utawa padha = langgeng)
 “KEWALYA” utawa “SEWALDA” (kang ateges suci utawa murni).

Patrap iku werdine sinengker marang ancas “mulih ing mulo-mulanira” kang sejati kanthi sempurna. Suci murni kaya rikala during dumadi, isish awujud wiji.
Jiwa kang darbe budi tansah marsudi marang kawicaksanan lan kasampurnan. Pakartine mawa sinurung weninging piker kanthi atarak jujur lan murni. Pakarti iku ateges nguwali dhirine saka reruwet kang ngreridhu angen-angen lan pikiran.
“De redelijke ziel streft steeds naar wijsheid en goedheid, vilmaking welke allen te bereiken zijn door vrome asce se en zuiver denken, waardoor ze vzn het stoffelijke lichaam verlost wordt” mangkono ujare De Boer ing bukune “De Wijsbegeerte in de Islam”. (Cetakan Leiden, taun 1921)
Sawernaning pua serta sarupaning mantra ora ono paedahe lan pigunane, kalamun dirine isih tinutup ing reridhu lan kena dialang-alangi ing akal-budi lan kanepsone. Sajroning mangsah semedi tansah kaudi amrih dhirine uwal saka rangsanganing panggodha lan pepalang. Gumelenging cipta gumolong marang Nirwana utawa Nirbana.
Semedhi, patrape sarwa linatih mawa “Ngeningake Cipta”. Tegese “meleng” lan “ngelengake cipta”. Sucining piker lan weninging angen-angen kagemblengake sawiji, manunggal lan jiwa-pribadine kalawan alam kang gumelar (alam semesta), sarana nandukake :
 Gemblenging tekad kang sawiji (konsentrasi)
 Meleng marang kejatening kapribaden (meditasi)

Manut ceramahe J. Krishnamurti ing London tgl. 23 Oktober 1994, kang kajarwakake dening Sri Sadana, maknane “meditasi” iku sawijining pakarti nglelatih dhiri ngungak jatining sifat pribadine dhewe utawa pangawikn pribadi( “Het wezen” utawa “exeistence essence”)
Meditasi ora ateges tapa-brata. Pakartine among memageri “ AKU”-ne pribadi, misah ngoncati bebrayaningaurip lan nyingkur kadonyan. Meditasi minangka kawitaning semedi, ambuka jatining cipta lan angen-angen, kepingin nyedaki lan ngrawuhi pribadining pribadi (self-knowledge).
Konsentrasi lan meditasi iku masesa mangreh cipta lan angen-angen, kalamun katindakake tanpa kendhat pamardine kadiya ngayahi ing wajib, kena kaanggep kayadene nandukake “Sembah Kalbu” utawa “Sembah Cipta“. Cipta lan angen-angen makarti angesthi Gusti Kang Maha Suci. Jiwa “AKU”-ne pribadi linebur manunggal kalawan jiwaning alam kang gumelar.
Kahanan iku, manut kasusastran jawa sinebut “Jumbuhing Kawula-Gusti”, ya “Curiga Manjing Warangka” utawa “Wor-winoring Loro-loroning Atunggal”. Yen ono ing buku “Der weg zum selbst” Weton S.Graveland taun 1948, anggitane Heinrich Zimmer, manut jarwane C.G. Jung lan M.de Man, ana ing kasusastran Walanda sinebut kayadene kahanan “Verlost”, “Her zelf” utawa “Bevrijding”.
Ana ing alam Nirwana kena den arani samubarange wus manunggal gembleng asifat Universil. Ngrasa nanging ora karasa lan ora ngalami apa-apa (beleven). Yen manut filsafah Hindu kasebut “ Yogicwara”. Swasana urip kang sampurna. Manut panjenengane Bapak Imam Martosoepadmo, semedi iku uga diarani “Nyuwung” utawa “Nglowong” maknaning tembung iku ateges ing lair lan ing batine wis “ora makarti opo-opo maneh”, kayadene “ mati sjroning urip” utawa “urip sajroning mati”. Kahanan iki yen manut kawruh “kejawen” sinebut kayadene “Alam Sunyoruri” ya kahanan “ Tan Ono” utawa “Makripating-makripat”. Si “Karep” wis tan ngagas lan si “is tan mikir maneh, karana kang kaesti jiwa ln ciptane wis manunggal tunggal kalawan alam kang gumelar. Kang ateges “jagad cilik” ya jagading manungsa (microcosmos) wis manunggal gembleng tunggal lawan “jagad agung” (macrocosmos=seluruh semesta alam). Ya kahanan mangkono iku sinebut “Kinemot-kamoting driya”.
Dadi cethane manungsa (kawula) kang kepingin nyedaki utawa amor marang Gusti (Tuhan YME), sadurunge luwih dhisik sesuci jiwa lan ragane, ya jasmani, yo rohanine, kanthi mepes Sapta Inderane.
Gagasan iku kaya jumbuh karo lakon ning pawayangan kang kababar manut pakeming pedhalangan. Lakon wayang iku yektine kinarya pasemon sesinglon sinengker jroning swasana ke-tasyawuf-an (mystiek). Lakuning semedi kababar ing padhalangan mawa lakon “Dewa Ruci” utawa “Bima Suci”. Carita gegambaran pepenginanw Bima kang darbe idham-idhaman golek banyu suci “Tirta perwita sari”, kang sejatining winadi.
Jroning lakon kagambarake kepriye Bima anggone nyingkirake saliring pepalang kang ngalang-ngalangi lakune. Anempuh sawernaning pacoban amrih kasembadan sedyana, ngungak wewadining ngaurip, ngawuningani apa kang sinebut “Sangkan paraning dumadi”. Jroning lakon kababar sarupaning pacoban, minangka pandadar anteping tekad ameper akal budi, sajroning ngupadi “tirta perwita sari”. Kang sepisan sarana kawujudake perange sang Bima lumawan buta loro sakembaran Rukmuka lan Rukmakala, ing gunung Condromuka. Buta loro nemahi lena, sirna badhar sejatining wujud bathara Indra lan Bathara Bayu.
“Tirta Perwita Sari” kang di idham-idhamake Bima, pranyata ora tinemu jroning alas Tikbrasara iku. Pandadar coba ning ngaurip kang kapindho, manut pituduhing gurune kang pinercaya Resi Durna, tinempuh Bima ana dhasaring samodra kidul. Tanpa rasa was sumelang marang pringga bayaning laku, sang Bima ngracut nyawijeake kekuataning batin (geestelijke essence), tanpa mandek tumoleh anggebyur segara. Aluning samudra kang gumulung sak gunung anakan katempuh wani.
Ana telengin samodra lya sang Bima pinapag Nemburnawa, yaiku ula naga kang saglugu gedhene. Naga rakseksa iku anggulet saranduning badan, nyandhet lakune Bima, satemah dadi perang. Cangkeming naga kasuwek dening Bima, wadhuke kena kacubles ing kuku pancanaka, Nemburnawa mati sanalika.
Paciban pandadaring tekad kang tumanduk matumpuk-tumpuk, maneka warna silih gumanti iku sasmitaning pepalang kang kudu siningkirake tumrap kang lagi mangsah ing semedi. Matine ula Neburnawa iku minangka sasmita pasemon pisahing sesambungan kang wekasan karo swasananing alam kadonyan(dunia fana). Pratandha wis bisa uwal saka kungkungan jagading kadonyan. “AKU”-ne kang sejati manjelma marang maknawining pribadi. Neburnawa uga sinebut Nabatnawa, jejuluk Rajapanulah. Ya rajapanulak kang tunggu banyu suci kauripan jroning samodra-laya. Sasirnane Naga Nemburnawa, anggane Bima ngalumpruk kaya koncatandaya kekuwatane, ginulung kaombang-ambingake ing alun, kabentur ing padhas, meh nemahi tiwas jroning alam antara ning eling lan lali, ono cahyo mabncorong manter sak sodo lanang. Ilange cahya wujud bocah bajang iku sejatine panjalmaning Dewa Ruci, kang mrepegi sapangarepane
Swasana iku kena katafsirake kaya dene wis sumurup marang asal “Sangkan paraning dumadi” kang dadi ancas ing semedi. Bisa sinebut wis entuk kasampurnan, karana wis nemokake gurune kang sejati jroning kalbu pribadine. Swasana iku kawujudake ana ing adegan ketemune Bima karo Dewa Ruci ana dhasaring samodra.
Jroning adegan kasebut, sang “AKU” ya sang Bima dhewe, lagi mawas dhiri pribadi, ya kang sinebut “ATI-AKU”ne, wujuding sang Dewa Ruci. Kang ateges wis entuk pepadhang, jroning semadine kanthi mepes panca-driyane “tetep aneng eling”. Awas lan waspada sajeroning “pramana”
Tatap muka patemoning Bima karo Dewa Ruci, pasemon sasmita “jumbuhing Kawulo-Gusti”, Mangejawantahing Dewa Ruci mrepegi sang Bima, iku pelambang “Wor winoring loro-lorone atunggal”. Dene werdining ukara “kinemot kamoting driya” iku kelakone sang Bima manjing jroning kalbu, lumebu saka bolonganing kuping kiwa, sawise nampa “jatining pitedah” sang dewa Ruci. Bima mijil saka telenging samodra, dadi sawijining pasemon pamudaring semedi, Prayoganing semedi wos wose katindakake kanthi “toto” sarwa “titi” lan “tentrem” jiwane

“TOTO” lir dhirine kalatih sarwa ajeg mungguh papan lan wayahe. Anggladhi “lelana ing laladan kang sepi” Anyepi “tepining jalanadi”

“TITI” lire angeleng angen-angen ngesthi gemblenging cipta. Angen-angen ora kenal uwal saka kang ka-esthi, ciptane ora nalisir saka gegayuhan. Pikire lan ngunggar kayun, angayem-ayem pangayomaning kayun, kang ora mokal bakal ngrendheti laku utawa ngendheg pangudine manages mring “adiling Hyang Manon”, kang ateges gagal semadine.

“TENTREM” marang “kehenengan” angen-angen menep. Ciptane angeleng sawiji marang kang asifat luhur. Kang kacipta jroning angen-angen among katentremang kang sarwa sampurna.
Jroning kalbu ngumandhang swara ning batin kang winuwus marambah-rambah, wola-wali pamintaning katentreman ngayom swasana ayem.
Tembunge : “Aku ngayom ayeming swasana katentreman jroning kahanan suwung awang-uwung, sepa-sepi iki. Muga binukaa ing pepadhang mawas pribadiku pribadi, sepi ing pamrih”. Kaucapake ing batin kayadene “ritus”, tata caraning kebaktian Agama. Ritus tembunge manca “Rite”(kerkgebruik). Ana ing kawruh “ kejawen” Hening, Heling, Hawas, utawa “Heneng-Henong”, kacekak “Ning-Nong”, ya “makripaing makripat” mungguhing piwulang Agama Islam kang ateges “kehenengan”
“kehenengan” iku sasmitaning swasana luhur tataraning katentreman. Manut panemune Martin Kocj, tataran katentreman kang luhur iku ora liya ya bakuning jiwa-raga manungsa kangsejati(basic condition). Karana jatining ayem lan katentreman wus rumesep kanthi sempurna. Sinebut “Kehenengan” karana kahanane wis lerem, sejahtera. Pikir tan makarti. Angen-angen tan nggagas tan kandheg pineksa ing karep. Wis “tan iko-iki”. Ciptane awas ing pangawikan. Bakune semedi kena den arani tanpa sirikan. Patraping jasmani makerya ing wajib serta prasaja. Lelambaran tekad marsudi santosaning budi, pakarti kang utama. Rokhanine makarti ngudi katentremaning jiwa. Amepes hardening kanepson. Ubaling angkara kasirep. Kang den esthi among sumungkem pangayomaning Gusti Kang Maha Suci.
Arahing cipta anggayuh luhuring pri badi, sarana mawas mring “Sangkan paraning dumadi”

Nuwun…………….

Tidak ada komentar: